Sabtu, 07 Januari 2017

Cerkak

Wektu Aku Mlebu SMKN 4
       Wektu dina pengumuman UN SMP 2016 ibuku ning sekolah amerga arep ndelok danemku elek opo apik, kabeh awakku rasane adem panas wedi lek danemku jeblok/anjlok. Terus mara-mara ibuku teka ambek ngawa danemku, mari ngunu aku ngerti lek danemku elek. Sempah rasane kayak ajur atiku nangis-nangis gak karuan. Terus masio danemku elek tapi aku gak nyerah ngono ae. Aku gak isa dikalahna ambek arek sing gawe kunci jawaban.
      Terus akhire ibuku ngomong lak ning SMKN 4 ae mlebu jurusan akuntansi yo masia aku pertamane ragu atene daftar nang jurusan akuntansi, soale aku mikir lak aku gak kate diterima nang kene. Mari ngunu aku daftar wawancara ambek tes tulis. Bar iku pengumuman. Koyok biasane lak pengumuman awakku adem panas. Akhire isuk-isuk ana BBM  teka kancaku lak aku mlebu SMKN 4 jurusan akuntansi, hmm rasane…. Alhamdullilah.

     Aku langsung jingkrak-jingkrak karepe dewe. Ibuku, ayahku tak ambung kabeh tangan lan pipine. Sueneng rasane…. Akhire aku nang sekolah numpuk berkas-berkas, trus mulih. Yo senenglah rasane. Tapi aku pegel ambek wong seng ngerendahna SMK. Puegel atiku, padahal yo arek SMK iku akeh prestasine, pinter ya sopan-sopan. Gak gampang mlebu kene, butuh perjuangansing abot kanggo ku. Alhamdullilah masia ngunu aku tetep bersyukur ambek sing kuasa. Matur nuwun Gusti..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar