MUSUH DADI KANCA KENTHEL
Ing
sawijining dina ana prawan sing gektas pindahan saka sekolah liya lan dek’e
bakal sekolah ing sekolah iki, tapi malang nasibe prawan iku gektas mlebu
sekolah wis di gawe dolanan sakkarepe dewe karo 3 geng alay. Dina pertama prawan
kuwi sekolah, deweke ketemu arek lanang ganteng, arek lanang iku seng disenengi
karo Lina ketua geng alay.
Imelda : “Nyuwun sewu, lek oleh ngerti ruangan Kepsek ana ing
endi?.”
Rizal :
“Ana ing kana, ayo tak terake.”
Imelda :
“Matur nuwun sampun ngeterake kula!. Lek oleh takon, jenengmu sapa? Aku Imelda!.”
Rizal :
“Iyo. Pada-pada jenengku Rizal. Ayo melu aku.”
Prawan
kui melu arek lanang kui menyang Kepala Sekolah, mara-mara geng kece teka.
Lestari : “Rek, delok’en iku Rizal mlaku karo sapa iku?.”
Finka :
“Ayo parani.”
Maulina :
“Ihh… megeli tenan, kudune kan aku sing mlaku karo Rizal, uduk arek iku !.”
Finka, Lestari :
“Bener nemen iku…!!”
Lestari :
“Ayo awakdewe parani, engko selak ngalih arek’e.”
Telung bocah geng
kece marani Rizal karo Imelda.
Finka : “ Hem…hem..hem.. awakmu arep nang endi, kape
mlaku-mlaku ya!”
Lestari :
“Finka…. Iya kape ning endi?.”
Maulina :
“Enteni-enteni!.”
Rizal :
“Apa maneh ta?”
Maulina :
“Iku sapa? De’e gak pantes mlaku karo awakmu.”
Rizal :
“Iki Imelda, apa? terus sing pantes mlaku karo awakku sapa? Awakmu?
Maulina, lestari, finka : “Lha.. jaremu sapa?
Abi :
“Hey apa-apaan sta awakmu, rek dek’e kan murid anyar dadi aja dilarani, awakmu
gak papa kan?”
Maulina, Vinka, Lestari : “Awakmu apa-apana ta iki?”.
Finka :
“Iya melu campur ae”
Lestari :
“Apa ta jane ki karepmu, awakmu aja melu-melu, timbangane awakmu urusan ambek
awak dewe mending meneng wae…!”
Finka :
“Bener iku. Dasar lanang tukang melu campur urusanne uwong!”.
Maulina, Lestari: “Vin aja mulai maneh!”
Durung mari lek
geger. Mara-mara Dafa sing seneng ambek Maulina teka.
Dafa :
“Tresnaku.. oo.. tresnaku nang ndi-ndi tak goleki, tibak’e tresnaku ndek kene.
Merenea tresnaku nyedek ning aku.”
Lestari :
“Rek Dafa teka.”
Maulina, Lestari: “Vin, ayo.. Melu!.”
Finka :
“Ha….?”
Lestari, Maulina: “Ayo endangan!.”
Finka :
“Iya.. iya..”
Dafa :
“Tresnaku, enteni aja ninggalna aku!”.
Mari arek-arek
ngalih, Rizal lan Abi ngenengna Imelda.
Rizal :
“Imelda aja dilebukna njero ati ya omongane arek iku, arek iku pancene kayak
ngunu.”
Abi :
“Bener iku jare rizal ayo awak dewe ning ruang kepsek, timbangane mikiri arek
iku gak ana gunane”
Rizal :”Ayo!”.
Arek-arek banjur
mlaku lan sampek ing ruangane Kepsek.
Rizal :
“Iki ruangane.”
Imelda :
“Kesuwun ya..”
Rizal :
“Ya, pada-pada, age mlebua.”
Imelda :
“ Iya”
Abi :
“Aku lan Rizal mlebu ning kelas sek ya?.”
Rizal lan Abi
metu. Imelda langsung nathak lawang.
Imelda :
“Assalammualaikum.”
Lucky :
“Walaikumsallam, mangga mlebet.”
Imelda :
“Nuwun sewu Pak, kula Imelda.”
Lucky :
“Oh kowe murid anyar ya?”
Imelda :
“Inggih, Pak”.
Lucky :
“Yowis, mari ngene bel mlebu muni. Mengko kula terne kowe ing kelasmu.”
Bel muni, pratanda
pelajaran dimulai.
Lucky :
“Nah,bel wis muni mangga ing kelasmu, nduk”.
Imelda :
“Inggih, pak.”
Kepala Sekolah lan
Imelda mlaku arep nuju kelas.
Lucky :
“Sugeng enjing bocah-bocah.”
Murid :
“Sugeng enjing pak.”
Lucky :
“Ngene rek, kelase awakmu duwe kanca anyar jenenge Imelda, mangga mlebet, nduk.”
Imelda mlebu karo
wajah keweden amarga dek’e sak kelas karo Geng Alay.
Lestari :
“Mendingan, uwong iku gak usah ngenelna deweke, pada ae.”
Abi :
“Apa-apaan ta rek, wenehi kesempatan gawe ngenalna identitase.”
Murid :
“Huu….”
Dafa :
“Ayu lho.., tapi sek ayuan tresnaku.”
Murid :
“huuu.”
Lucky :
“Wis-wis, gak usah rebutan saiki. Nduk lungguha ning sisihe vinka.”
Vinka :
“Tapi pak!”. (Wajahe banag branang amarga ora seneng).
Lucky :
“Gak usah tapi-tapian, nggihpun rek, terusna pelajarane”.
Waktu sinau wis mari,saiki waktune
istirahat
Maulina : “Zal, mlaku-mlaku yuk.”
Rizal :
“Emoh, aku arep ambek Imelda ae. Ayo Mel!.”
Imelda
lewat ning ngarepe maulina. Maulina ngerasa iri. Maulina ngalangi sikile Imelda
nganti tiba.
Imelda : “Aduh lara.”
Lestari,Vinka : “ Hahaha… mesakne, arek ndesa tiba ndlosor.”
Maulina : “ Loh, awakmu kok nyalahi aku? Aku kan gak salah”.
Rizal :
“Alah, awakmu gak papa kan Mel?”
Imelda : “Gak papa”.
Rizal :
“Yawis ayo awakdewe ing kantin ae.”
Imelda : “iya, ayo!”.
Tekan
ing kantin. Mara-mara Geng Alay iku teka lan deweke sengaja lewat ing sisihe
Imelda.
Lestari : “Rek ayo njaraki arek ndesa kuwi.”
Maulina, Finka : “Setuju.”
Finka :
“Enteni-enteni.”
Lestari,Maulina : “Opo maneh ta Vin?”.
Finka :
“Setuju apane ta rek?.”
Lestari, Maulina: “ Finka aja mulai
loh.! Ya setuju njaraki arek desa iku lah.”
Finka :
“Tapi kan mesakne engko dek’e nangis loh kan mesakne.”
Maulina : “Alah, jarna rawes ben ngerti rasane”.
Finka :
“Tapi….”.
Lestari : “ Ayo endangan melu”.
Mara-mara
Maulina teka sengaja nyiram Imel karo banyu.
Maulina : “Ups, sepurane sengaja”.
Rizal :
“Awakmu kenemenen, gak seneng aku lek awakmu ngene iki. Awakmu wis kliwat wates.”
Daffa
teka….
Daffa :
“Awakmu opo-opoan ta Zal nyeneni tresnaku, lek wani ambek aku ae.”
Rizal :
“Sepurane Daf, aku emoh gelut, sepurane aku wis gawe awakmu ngamuk.”
Daffa :
“Ya, jelas aku ngamuk! Amarga awakmu nyeneni tresnaku.”
Rizal :
“Mangkane lek gak arep di amuk karo wong, ora usah ngurusi uwong iki.”
Geng Alay : “Dadi karepmu, awakdewe iki apa?.”
Abi, Rizal : “Karepmu?.”
Imelda : “Wis-wis aja tukaran maneh.”
Abi :
“Ya aku gak tukaran maneh kok lek awakmu iku ndiseki.”
Imelda : “Yawes lah aja tukaran neng kene.”
Daffa :
“Iling yo Zal, aja ganggu tresnaku maneh.”
Rizal :
“Iya ya… Aya awakdewe ngalih.”
Abi, Imelda : “Ya, ayo..”
Geng Alay : “Enteni.”
Maulina : “Imel, sepurane awakdewe ya, sing gawe awakmu kesiksa.”
Imelda : “Iya, aku wes nyepura awakmu kok rek sadurunge awakmu
kabeh njaluk sepura.”
Imelda : “Iya, tenan.”
Maulina : “Gelem apa ora awakmu dadi kancae awakdewe.”
Imelda : “Ya… ya… gelem wes kancaan karo awakmu kabeh”.
Lestari : “Iya, bener, gelem wes ya”.
Imelda : “Gelem nemen aku, awakmu gelem ta rek duwe kanca kayak
aku?”.
Maulina : “Iya lah.., gelem nemen.”
Imelda : “Alhamdulillah.”
Maulina : “Zal, sepurane ya sing wis tak salahi terus. Aku weruh
lan sadar lek kelakuanku kenemenen lan aku wes ngiklasna awakmu karo wong liya.”
Rizal :
“Ha…. coba awakmu ndisek kaya ngunu iku, mesthi aku wis seneng karo awakmu,
tapi sepurane lek aku saiki wes nyenengi uwong liya.”
Maulina : “Iyo, aku weroh, gak papa kok, awakmu nyepura aku ae,
aku wes seneng nemen.”
Rizal :
“Aku seneng ndelok awakmu kabeh berubah.”
Vinka :
“Berubah? Berubah dadi apa ya? piye lek dadi kembang, mesthi ayu awakdewe, iya
kan?.”
Lestari : “Vinka, maksudte Rizal iku sifate awakdewe berubah
dadi apik.”
Vinka :
“Owh…”
Rizal, Abi : “Vinka, Vinka.”
Vinka :
“He…he…he…”
Rizal :
“Lek ngunu awakdewe ngalih disek ya.”
3 geng : “Iya.”
Abi,
Rizal lan Imelda ngalih. Ninggalne Geng Alay lan Hendra.
Hendra : “Ngunu lah, lek ngene kan enak didelok, piye cintaku?
awakmu apik-apik ae kan.”
Maulina : “Gak papa kok aku, kesuwun ya wes mbelani aku, tibakne
awakmu apik pisan ya.”
Daffa :
“He…he… dadi isin aku.”
Vinka,Lestari : “Cie…cie…”
Vinka :
“Kayak’e ana sing lagi dag dig dug ki…. Cie.. Maul.”
Lestari : “Em…em…”
Maulina : “Apa-apaan ta awakmu rek, ya wislah ayo njajan ae, tak
traktire.”
Vinka :
“Tenan? Asik….”
Lestari : “Mangan maneh wis.”
Akhire
Geng Alay kuwi ngalih lan nyadari kesalahane, terus nglakono kekancan kanthi
kenthel lan Maulina gelem nrima Daffa lan gak ngarep ning Rizal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar