Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Bapak kepala sekolah ingkang tuhu wicaksananing
penggalih, bapak ibu guru ingkang dahat kinabekten saha bapak ibu karyawan
ingkang kinurmatan.
Ing siang menika, keparenga kula langkung rumiyin
ngunjukaken puji sukur ing ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, dene awit saking
pengayoman Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun
kaparengaken kempal ing pasamuan menika, kanthi wilujeng.
Kaparenga kula matur,
Sepisan:
matur nuwun dhumateng kepala sekolah lan
para guru ingkang sampun mbimbing kula lan dhumateng kanca-kanca ingkang sampun
paring kenangan endah.
Kaping
kalihipun: mbok bilih anggenipun kula pados sangu kaweruh ing SMK menika
wonten tindak tanduk kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, saestu kula
namung saget ngaturaken samudra pangaksami.
Kaping
tiganipun: nyuwun pangestunipun dhumateng sedayanipun mugi-mugi kula saget
njangkah langkung sae malih. Mugi-mugi gegayutan kula anggenipun kuliah malih
saget kalaksanan.
Cekap
semanten anggenipun kula matur, dhahar kupat campur bakmi, sedaya lepat nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar