Jumat, 03 Februari 2017

Pranata Adicara Reuni


Pranata Adicara Reuni

Sugeng enjing para tamu kakung saha putri ingkang minulya.
Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
Puji syukur katur dumateng ngarsaning Gusti Pangeran ingkang Maha Kuwaos, mugi Rahmat saha Hidayahipun sumrambah ing kula panjenengan sedaya.
Nuwun sewu, kula ingkang tampi jejibahan jejer pranatacara ing enjing punika ngaturaken pambagya “Sugeng Rawuh Rahayu wilujeng” wonten punika palenggahan adicara “Reoni keluarga Bani Sodiqun”.
Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken rancangan urut-urutanipun lampah adicara Reoni Keluarga Bani Sodiqun wonten ing dalemipun Bapak Suwanto ing enjing punika.
  1. Adicara ingkang kapisan inggih punika Pambuka
  2. Adicara ingkang kaping kalihipun pamaosan ayat suci Alquran
  3. Adicara ingkang kaping tiganipun pamedhar sabda saking Bapak Suwanto.
  4. Adicara ingkang kaping sekawanipun sungkeman.
  5. Adicara ingkang kaping gangsalipun panutup.
Mekaten para rawuh menggah rancangan urut-urutaning lampah adicara ingkang sampun karacik.
Salajengipun kasakecaaken anggenipun sami lelenggahan.
Matur nuwun.
Salajengipun amrih kalaksananing acara enjing punika pinanggih rancag sarta wilujeng, sumangga sami dipunbuka sesarengan kanthi pamaosan waosan basmalah, sumangga kula derekaken. Dene dhumateng ingkang ngrasuk agami sanes islam kula sumanggaaken.
Para rawuh ingkang minulya, tumapak adicara ingkang kaping kalih inggih punika pamaosan waosan ayat suci alquran, dhumateng ingkang jejibahan kula sumanggakaken.
“………..”
Mekaten punika pamaosan waosan ayat suci Al quran. Dumateng ananda Hilmi kaaturaken agenging panuwun.
Para rawuh ingkang minulya, salajengipun tumapak acara ingkang angka tiga inggih punika tanggap sabda saking ingkang kagungan dalem. Dhumateng Bapak Suwanto, wekdal kula sumanggaaken saprayoginipun. Sumangga..
“………….”
Mekaten tanggap sabda saking penjenenganipun Bapak Suwanto. Dhumateng Bapak Suwanto kula aturaken agunging panuwun.
Salajengipun awit wonten ngarsa penjengan sedaya sampun lumados unjukan saha dhaharan, sumangga kaparenga enggal angresepi kanthi merdikaning penggalih, sarta kaparenga adicara kula sigeg sawatawis.
“……….”
Nuwun sewun, para tamu ingkang minulya, nyuwun pangapunten sarta mboten ateges ngirangi kamardikan anggenipun para rawuh angresepi pasugatan, minangka nyumpeni wekdal kaparenga adicara kalajengaken.
Salajengipun adicara ingkang kaping sekawan inggih punika sungkeman dipunwiwiti kaliyan Bapak Suwanto sakeluarga ingkang putra pambarep, dipunlajengaken kaliyan adhi-adhinipun. Sumangga…
“…………………”
Matur nuwun.
Adicara salajengipun inggih punika panutup. Kula minangka pranataadicara wonten enjing punika, mbok menawi anggen kula matur kathah kekiranganipun saha kelepatanipun, saestu kula namung ngaturaken dhahar lawuhe bakmi, sedaya lepat nyuwun angunging pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamua’laikum waroh matullahi wabarokatuh.
Dumateng sedaya para rawuh, dipunsuwun sampun nilaraken palenggahan rumiyen sakderengipun angresepi dedhaharan kanthi prasmanan. Dumateng sedaya para rawuh, kula sumanggaaken anggenipun angresepi dedhaharan kanthi merdika. Sumangga.
“…………..”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar