Naskah
Setunggal Dinten ing Fakultas Ilmu Budaya UGM
Tokoh:
Sasa sebagai mahasiswa Sastra
Nusantara 2012----Yulansza Wahyu
Uwais sebagai maba Sastra
Nusantara 2011----A. Uwais Al-Qorni
Mas Rizky sebagai mahasiswa
Sastra Nusantara 2008----Rizky
Mas Seto sebagai mahasiswa
Sastra Nusantara 2010----Triaseto Monodoni
Witri sebagai maba Sastra
Nusantara 2011----Sawitri
Fira sebagai maba Sastra
Nusantara 2011----Shaffira MFU
Setunggal Dinten ing
Fakultas Ilmu Budaya
Babak
A
Wonten
salah setunggalipun mahasiswa enggal nitih sepedha sinambi nembang saking
bunderan UGM tumuju fakultas ingkang enggal, Fakultas Ilmu Budaya.
Saksampunipun dumugi parkiran wingking, piyambakipun markir sepedhanipun.
Saklajengipun madosi kancanipun ingkang sampun semadosan sakderengipun.
Sasa : “Ckckck, UGM jebul amba tenan
ya.......eh, bener ta, iki Fakultas Ilmu Budaya? (ndlongop ngawasi beton sing
ana tulisane Fakultas Ilmu Budaya ana ing sangarepe Pertamina Tower) Alhamdulillah
bener, Ya Allah! Wah apik tenan kampuse ya, ora kaya SMA-ku mbiyen ambane mung
sak kedokan sawah. Hmm, aku isih ora percaya ditampa ing kene. Di jurusan
Sastra Nusantara lagi. Alhamdulillah Ya Allah!” (karo ngusap pipine)
(kelingan) “O ya. Wingi aku wis semayan karo Mbak Witri,
kanca anyar arep ketemuan ing kene. Tapi neng endi ya? Jarene ana gedhung
cedhak parkiran mau.” (mlaku maneh neng Gedhung C karo wira-wiri bingung).
Witri : (ngampiri) “Sa? Kok kok suwi tenan?”
Sasa : “Iki Mbak Witri? Oh, nyuwun ngapura,
Mbak, aku bingung.”
Witri : ”Oalah kok isa bingung? Lha kowe liwat
ngendi?”
Sasa : “Kuwi loo, bunderan lempeng, trus menggok
ngetan. Lha ya, aku durung weruh endi wetan, kulon. Dadi aku menggok ana...apa
kuwi? Gelanggang? Lha ya, tak kira sing kuwi. Lha wong rame tenan lo. Trus, aku
ndelok-ndelok ndisik jerone. Ngapurakke ya Mbak?”
Witri : (ngguyu)”Wah, lha kok isa? Ora papa kok. He
he, itung-itung pengalaman. Kapan-kapan maneh dieling-eling dalane. Ko nek wis
kulina kan yo apal dhewe.”
Sasa : (manggut-manggut).
Witri : “Nah, ben ora kebliger maneh, nggo
mlaku-mlaku ingFIB.” (mlebu gedhung C lantai 1)
Sasa : “Aduh, sepurane yaa??” (isih ngrasa salah).
Witri : “Yo wis, ra papa. Ayo mlebu!” (karo nyeret
mlebu ruang Dekanat) “Iki jenenge gedhung Poerbatjaraka. Ning lantai satu, panggone
birokratnya kampus FIB. Ana ruang dekan, wakil dekan 1, wakil dekan 2, lan
wakil dekan 3.”
Sasa : “Ooo..kok wakil dekane ana 3? Bedane
apa?”
Witri : “Kabeh duwe tugas sing beda-beda. Wakil
dekan 1 Bidang Akademik Kemahasiswaan, Wakil dekan 2 Bidang Admistrasi Keuangan
dan Umum, Wakil dekan 3 bidang Penelitian, Kerjasama, dan Hubungan Alumni.”
Sasa : (manggut-manggut kaya sing ngerti).
Witri : “Saiki ana lantai 2 ya!”
Sasa : “Ana apa ing kana?”
Witri : “Ruang bagian akademik lan ruang TU.” (karo
ndelokne ruang akademik lan TU)
Sasa : “Ruang akademik kuwi apa?”
Witri : “Ruang akademik kuwi gawe urusan akademik.
Ya, kaya dene masalah transkrip nilai, beasiswa kuwi, bisa njaluk informasi neng
kene.”
Sasa : (tolah-toleh).
Witri : “Isih ana siji maneh. Isih kuat apa ora?”
Sasa : “Kuat ya, lak wis kulina mlaku...”
Witri : “Siplah. Ana kene mung sakruang kok. Ruang
auditorium FIB.”
Sasa : “Beh, gedhe tenan!”
Witri : (manggut)
Sasa : “Mesti bisa dienggo wong akeh ya.”
(Mari ndelok-ndelok terus
mudhun).
Sasa : “Berarti gedhung iki khusus ngurusi administrasi
lan kantor ya.”
Witri : “He-eh. O iya, ana sing kelalen. Lantai 1 gedhung
iki, biasane ya disebut plasa.”
Sasa : “Lha kok ngono?”
Witri : (ngangkat baune) “Aku apa yo ngerti.
Jarene kakak angkatanyo ngono kuwi.”
Sasa : (manggut-manggut).”Nek gedhung kuwi, apa jenenge?”
Witri : “Apa ya?” (ngeling-eling karo mlaku neng
gedhung sing dituding mau).
Sasa : “Aku weruh!”
Witri : “Kok weruh?”
Sasa : (nuding tulisan neng cagak beton) “Gedhung
Prof. Dr. R. Prijana.”
Witri : “Wah, pinter tenan!”
Sasa : “Biasa wae kok.” (tersipu)
Witri : “Neng gedhung Prof. Dr. R. Prijana kuwi
ana perpustakaan. Ana kene ana literatur
cacahe pirang-pirang saka jurusan-jurusan ing FIB.”
Sasa : “Wah, aku pengen ndelok. Wayah apa bukake
?”
Witri : “Saben dina kejaba dina Minggu. Bukak jam
08.00 WIB-16.00 WIB Senin-Jumuah. Nek Setu mung nganti jam 12.00 WIB.”
Sasa : “Wah, apal tenan. Dadi petugas perpus ya
kowe?”
Witri : (rada pegel) “Kuwi ana kono ana tulisane!”
Sasa : “Oh, iya ya. Sepurane.”
Witri : “Gojek-gojek. Haha.” (ngguyu)
Sasa : (merengut) “Lha yen sing madhep ngarep
mau apa?”
Witri : “Oh, kuwi sekber. Sek...apa ya?
‘Sekretariat Bersama’! Isine markas-markaslembaga neng FIB kayata LEM, HMJ, lan
BSO.”
Sasa : “Kok, ora duwe ruangan dhewe-dhewe?”
Witri : “Ana kok. Neng jero lemah.”
Sasa : “He?” (bingung)
Witri : “He he. Coba takon dekane wae.”
(ndelok-ndelok lantai
loro)
Witri : “Nah, nek iki jenenge MEC. Middle East
Corner. Jarene, ndisik panggonane kumpul wong-wong wong-wong timur tengah. Nanging
saiki wis ora maneh.”
Sasa : (krungu swarane adzan) “Ora krasa wis
dzuhur!”
Witri : “Iya e.”
Sasa : “Mushola, neng endi ya?”
(dumadakan ana salah siji
kanca sing liwat)
Witri : “Fir!”
Fira : “Eh, Witri. Piye kabare?”
Witri : “Apik. Sampeyan?”
Fira : “Padha apike. Karo sapa iki?”
Witri : “Oh iya, Fir, iki Sasa. Cah mahasiswa
anyare Sasnus. Sa, tepungne iki Fira.”
Fira : “Waah, iya ta? Aku Fira, Sastra
Nusantara 2011.”
Sasa : “Sasa. Sastra Nusantara 2012.” (karo
salaman)
Witri : “ki lho Fir, pengen weruh musholane?”
Fira : “Oh, iya. Ngga bareng aku wae.” (Bocah
telu mau mlaku neng Mushola lan sholat kejaba Witri. Deweke agamane Hindu. Ananging
nunggoni ana emperan mushola).
Babak B
Banjur shalat, Fira,
Witri, lan Sasa guneman.
Fira : “Wis tekan ngendi wae iki mau?”
Witri : “Rencanane arep ngubengi FIB. Ndelok-ndelok.
Supaya ora ‘kuper’ karo kampuse.”
Sasa : “Bener. Amarga sing takkenal mung Mbak
Witri, aku njaluk tulung nduduhake.”
Fira : “Oo..dadi ceritane Witri dadi ‘guide’ ki.”
Witri : “He he he.. mau isih tekan gedhung
Poerbatjaraka lan R. Prijana wae.”
Sasa : “Fira gelem ngancani?”
Fira : “Neng ngendi?”
Sasa : (ndelok-ndelok) “Iku gedhung mburine
mushola kuwi apa?”
Fira : “O, gedhung R. Soeganda kuwi ta?”
(Fira, Sasa, lan Witri
mlaku bebarengan ana gedhung D)
Fira : “Neng kene akehe mung kelas thok.”
Sasa : “Tur sepi mamring ta?”
Witri : “He-eh. Iya, paling.”
Fira : “Takjak neng Inculs pisan ya. Inculs kuwi
saka tembung The Indonesian Language and Culture Learning Service. Neng
kene panggonan sinaune mahasiswa asing sing tertarik babagan budaya Jawa.”
Sasa : “Akeh tenan ya, sing ‘tertarik’ karo buda
Indonesia. Kemangka akeh saka awake dhewe iki sing wis ora perduli karo
budayane dhewe.”
Witri : “Ora wae kok. Buktine aku isih seneng
sinau lan ngleluri basa daerahku.”
Fira : “Berarti
kowe siji tekan sewu, Wit. Nanging, kowe ya perlu ajak-ajak sing liyane supaya
budaya Indonesia, khususe budaya Jawa bisa diluri bareng-bareng.”
(karo mlaku nganti
ngarepe Perpustakaan Arkeologi)
Sasa : “Panggonan iki akeh tenan ya, arcane.”
Fira : “Iya, kuwi Perpustakaan Arkeologi. Lha
nek neng burine kuwi ana kandhang antro.”
Sasa : “Kok disebut kandhang antro. Kaya raja
kaya wae.”
Fira : “Soale iku panggonan ‘nongkrong’e
cah-cah antro. Jejer karo perpustakaane pisan.”
Sasa : (ingak-inguk)
Fira : “Wah, wis wayah semene. Aku lunga ndisik,
arep neng akademik. Dah, Assalamualaikum.”
Witri : “Suwun ya.”
Sasa : “Waalaikum salam. Sak wayah-wayah ketemu
maneh ya.”
Babak C
Witri : “Aduh aku pengen neng jeding iki.”
Sasa : “Ana ngendi sing cedhak?”
Witri : “Neng Margono wae ya. Numpak eskalator ing
tingkat 2.”
Sasa : “OK.” (banjur ngenteni Witri bali saka jeding)
Uwais : (nggawa buku, kepeleset, terus tiba)
Sasa : (nulungi) “Iki bukune.”
Uwais : “Maturrnuwun nggih.”
Witri : (keluar dari kamar mandi). “Ana apa Sa?”
Sasa : “ora
apa-apa kok. Iki,
lho kepleset terus bukune tiba.”
Witri : “Oalah, Uwais ta.”
Uwais : “Eh, Witri?”
Witri : “Iya, iki karo kancaku Sasa. Cah Sasnus
2012.”
Uwais : “Aku Uwais Sastra Nusantara pisan. Arep ana
ngendi?”
Sasa : “Saiki arep ndelok-ndelok gedhung iki.”
Uwais : “Neng kene ora ana apa-apa. Paling mung ruang
mutimedia ing tingkat 2 karo ruang karawitan neng tingkat 4...”
Witri : “...sak luwihe kelas.”
Uwais : “Iya. Nanging neng kene uga ana ruang kanggo
dosen arkeologi neng tingkat 1 lan ruang kanggo dosen sejarah neng tingkat 2
. Trus, ana pisan ruang dosen sesarengan.”
Sasa : “Dhateng ngriki ruang kelasipun wiyar-wiyar,
mboten kados dhateng gedhung Poerbatjaraka lan R. Prijana nggih?”
Uwais : “Iya. Lan gedhung Margono iki duwe tingkat paling
akeh. Bener ora, Wit?”
Witri : “He-eh.”
Uwais : “Banjur iki neng gedhung P. J. Zoetmulder
bae.”
Sasa : “Ingkang pundi punika?”
Uwais : “Ing wetan gedhung iki. Neng kana umume
ruang kelas nanging uga ana lab bahasa.”
Babak D
Witri : “Mas Rizky punika asdos lho, Sa.”
Rizky : “Trus ngapa? Mengko yen wis semester 4 ya
uga bisa asdos awakmu. Wis mubeng endi bae mau? Wis kabeh?”
Sasa : “Dereng, mas. Namung gedhung punika
ingkang dereng.”
Witri : “Mas Risky sibuk punapa?”
Rizky : “Ora ngapa-ngapa iki. Wis bar. Takkancani
piye?”
Sasa : “Maturnuwun mas.”
Rizky : (njelaske siji-siji). Neng gedhung Siti
Baroroh Baried iki umume ruang kelas ana ing tingkat 2. tingkat 1ne ana ruang
dosen kabeh jurusan..”
Sasa : “Kecuali jurusan Arkeologi lan jurusan
Sejarah?”
Rizky : “Iya. Antropologi uga. Dadi, tekan kana
kuwi ruang dosen pariwisata, teruse Sastra Prancis, Sastra Inggris, Sastra Asia
Barat, Bahasa Korea, Sastra Jepang, Sastra Nusantara, lan Sastra Indonesia.”
Sasa : “Kitab-kitab ingkang ana lemari ing lorong
punika kagunganipun sinten mas?”
Rizky : “Oo, iku nggone jurusan-jurusan sing ana
neng kene. Kayata Sastra Nusantara, duwe lemari isine kitab-kitab, ya fungsine
kaya perpustakaan. Koleksi-koleksi khusus Sastra Nusantara.”
Sasa dan Witri : (manthuk-manthuk)
Rizky : “Wis dikenalna dosen Nusantara durung, Wit?”
Witri : “Durunge, mas.”
Rizky : “Wah, piye kowe iki. Masak dosene dhewe
durung kokkenalne. Lha, Sa, neng kene, Sastra Nusantara iki ana 17 dosen. Ana
bapak Akhmad Nugroho.
Pak Anung Tedjowirawan. Bu
Arsanti Wulandari. Bu Daru Wunarti. Pak Djarot Heru Santosa. Pak Hamam Supriyadi. Pak Hendrokumoro. Bu Kartika Setyawati. Pak Manu Jayaatmaja Widyasaputra. Pak Marsono. Pak Soeharto Mangkusudarmo. Bu Sri Ratna Saktimulya. Bu Sulistyowati. Bu Sumarsih. Pak Wisma Nugroho Christianto Rich. Bu Wiwien Widyawati Rahayu. Lan Pak Bima.


Sasa : “Kathah nggih dosenipun.”
Babak E
Seto : “Wit!”
Sasa : “Mas Sasnus ya?”
Witri : “Huss..ora sopan!”
Sasa : “Aduh, Sepurane mas.”
Seto : “Ora papa. Biasa bae. Arep mangan pisan?”
Sasa : “Iya, mas. Wis luwe.” (pesen terus
lungguh)
Seto : “Ketokke pegel tenan?”
Witri : “Lha iki, banjur mubeng-mubeng FIB. Terus nganti
lali mangan, ya, Sa?”
Sasa : (manthuk)
Seto : “Arep
mangan neng ngendi?”
Sasa : “Emange ana ngendi wae?”
Witri : “Bonbin karo kansas.”
Sasa : “Apa kuwi bonbin karo kansas?”
Seto : “Kansas kuwi lo, kantin sastra. Ana ing ngarepe
gedhung Margono kae. Masa mau ora ndelok? Nek bonbin ana sandhinge parkiran
Sasa : “Lho kok sebutane bonbin? Ana-ana bae.
Kaya jenenge kebon kewan.”
Seto : “Bonbin itu dawane saka Kebon binatang
bisa uga kebun bintang.”
Sasa : “Ho-oh pa?”
Seto : “Iya, soale biyen keadaane kaya ing
bonbin. Isih nganggo lemah lan akeh tandurane. Nek kebon bintang soale
wong-wonge bisa dadi bintang neng kene.”
Uwais : (teka) “Mas
Seto! Lho, Sasa karo Witri mangan neng kene?
Fira : He,
sugeng siyang. Lagi kumpul apa iki arek Sasnus. Eh, iku mas Risky.
Seto : (nyeluk
Rizky)
Sasa : “E, mas,
awakedewe durung kenalan ya? Aku Sasa.
Seto : “Waduh,
piye ta? Aku Seto.”
Rizky : “Ya ora papa
ketimbang ora blas.”
_Sampun Rampung_
Tidak ada komentar:
Posting Komentar