Gethuk

Ana abang, ijo lan
kuning. Kui mau wernane gethuk. Biasane, maem gethuk dicampuri karo parutan
klapa ben mundak maknyus. Carane gawe gethuk yaiku, telo pohong/kaspe di oncek
kulite nganti resik. Bar kui terus di umbah sing resik. Maringunu langsung di
dang sekitar setengah jaman. Lek wis mateng terus dideplok nganti alus. Aja
lali di campuri karo gula sakcukupe. Lek wis rata terus di cetak sakkarepe sing
gawe.
Saiki gethuk kui
dadi panganan sing langka. Sing dodolan karo ider saiki wis ora pati enek. Ora
koyok jaman mbiyen. Masio ngunu, gethuk isih ana nganti saiki. Lek pingin
gethuk, tumbasa ning pasar. Isih ana sing dodolan gethuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar